Senin, 29 Desember 2014

Tugas Makalah Bahasa Jawa

PROSA,PUISI LAN PEWAYANGAN

A.   Purwaka
Panggenane manusa ing jero karya sastra nggeret kanggo dikaji ngeling kedudukane dadi subyek lan dadi objek. dadi subjek yaiku mung manusa sing ngasilke karya sastra, sawalike manusa uga dadi objek (materi), karangan sastra karo manusa ora iso bokmenawa dipisahake. sarehdene kuwi, muncul watesan menawa sastra yaiku ungkapan manusa sing arupa pambengen, pikiran, ide lan semangat
Luwih-luwih sastra diwulangake ket saka sekolah dasar nganti menyang jenjang pamulangan sing luwih dhuwur meneh. sarehdene kuwi, awake dhewe kudu menehake sambarang sing bisa nggawe sastra ora dadi hal sing anggel kanggo dipelajari saka kabeh wong. uga tulisan sastra sageta bisa dinikmati lan karangan sastra sing bisa dinikmati yaiku geguritan, sastra, parikan, lan drama(pewayangan)
Sastra kang dasare ngrupakake ciptaan, siji kreasi semata - mata siji imitasi. Karya sastra dadi bentuk lan pakoleh siji pagawean kreatif, nang hakikate yaiku media sing ngunaake basa kanggo ngungkapake babagan kauripan manusia. mulakna,karya sastra, nang umume, kang isine babagan perkawis sing melingkupi kuripan manusa. karya sastra lair dilatar bureni anane surungan dasar manusa kanggo mengungkapkan eksistensi awake.
Biyasane kesusastraan dipara manut daerah geografis utawa basa. dadi, sing klebu jero kategori Sastra yaiku: geguritan, Novel cerito/cerpen (ketulis/lisan), syair, parikan, sandiwara/drama, lukisan/kaligrafi.

B.   Andharan
1.    Tegese prosa,puisi,lan pewayangan
a.      Gancaran utawa prosa yaiku
Gancaran utawa prosa yaiku jinising bentuk tulisan tanpa tembang. Karangan gancaran mono karangan kang arupa rerangkene ukara-ukara kang kaiket ing sajroning paragraf. Saben paragraf  sethithike dumadi saka sa- ide/ sa-gagasan lan sawetara ide/gagasan penjelas. Ide/gagasan mau diandharake ing ukara lajer (kalimat utama) dene ide penjelas kandharake ing sajrone ukara-ukara penjelas.

b.     Geguritan ( puisi )
Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa syair.
Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang nduweni teges tembang, kidung, syair. 
Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.
Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar.

Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane), geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu.

c.      Pewayangan
wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.

2.    Jenis – Jenis Prosa,puisi lan pewayangan
a.    Jenis-jenis Prosa ( gancaran )
1)    Gancaran (prosa) narasi.Yaiku karangan gancaran kang isine nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan wektu. Tuladha karangan jinis iki kayata : cerkak, cerbung, novel, dongeng, utawa crita pengalaman pribadi (pengalaman olehe plesiran, pengalaman kang lucu, aneh, nyenengake, medeni, ngisinake, nyusahake, lly). Crita bab olehe melu kegiatan PMR, Pramuka upamane ngepasi Persami, melu lomba, lsp uga bisa diarani gancaran narasi menawa olehe crita urut manut urutane kegiatan mau.

Tuladha jinise karangan iki kayata :
Wujude Crita Pengalaman

                              Plesir Menyang Boyolali
Nalika preinan taun kepungkur, aku dijak keluargaku menyang Boyolali. Sadurunge plesiran, aku lan keluargaku nyiapake barang-barang lan klambi sing dibutuhake. Aku lan keluargaku mangkat menyang Boyolali jam 07.00 WIB nganggo mobil pribadhi lan tekan ing Boyolali jam 09.30 WIB . Kira Kira jam 14.00 WIB  aku lan keluargaku menyang Embah Putriku. Ing kana akeh banget Wit Klapa. Salah sijine Klapa Ijo.  Klapa iku bisa diolah dadi Ombenan Lan Obat. Nalika jam 22.00 WIB aku lan keluarga arep mulih menyang Wonosobo. Sadurunge mulih, aku lan keluargaku Nyekar Mbahku. Sanajan kesel, nanging  Preinan iki  nyenengke .


2)    Gancaran (Prosa) DeskripsiYaiku karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang apa bae. Olehe nggambarake nganti satliti-tlitine supaya kang padha maca kaya-kaya meruhi dhewe, ngrungokake dhewe lan ngrasakake dhewe  kaya apa kang dialami pengarang mau. Dadi apa kang katon, apa kang dirungu, lan apa wae kang dirasakake pengarang dicitakake kanthi cetha.

Tuladha jinise karangan iki kayata :
Nggambarake sawijining papan/panggonan

Papan Wisata Pulo Bawean
Pulo Bawean minangka salah sijine papan wisata ing kutha Gresik,Jawa Timur. Pulo iki pancen endah lan nyengsemake. Pulo Bawean mapane ana sisih lore kutha Gresik kira-kira adohe 110 km nyabrang segara. Yen arep menyang Pulo Bawean,kudu nganggo sarana numpak kapal tongkang utawa kapal barang sing suwene 8 nganti 10 jam. Saka Gresik menyang Pulo Bawean bisa nganggo Jet Foil lan uga bisa nganggo kapal gedhe sing seminggu mung kaping pindho. Manawa numpak Jet Foil,utawa kapal gedhe wektu kanggo layar saka Gresik tumuju Pulo Bawean mung butuh wektu 2-4 jam.
Bawean nduweni papan wisata kang apik-apik. Pantai Mayangkara ing Desa Kepuh,Banyu Panas Taubat ing Sangkapura,Grojogan Lancar lan Patar Slamet,uga Tlaga utawa Danau Kastoba sing kondhang kaendahan lan pesona alame. Pulo Bawean pancen aset wisata sing kudu di jaga,dikembangake,lan dilestarikake. Mula saka iku,Pemerintah Kabupaten Gresik ngrancang,manawa Pulo Bawean arep didadekake Wisata Bali Loro.

3)    Gancaran (Prosa) ArgumentasiYaiku karangan kang isine ngandharake sawijining pendapat/gagasan/ide ngenani bab apa bae dikantheni alasan/bukti sing kuat, supaya sing padha maca percaya marang panemune penulis mau. Alesan/bukti-bukti mau kanggo mbuktekake menawa apa kang katulis ing karangan mau bener lan bisa dipercaya.

Tuladha jinise karangan iki kayata :

Cara Gampang Njaga Kesehatan
Padate aktivitas saben dina nggawe awake dhewe lali marang olah raga lan kesehatan.Padahal, olah raga lan kesehatan kuwi dibutuhna dening kabeh wong.
Untu rapi lan pipi simetris iku dadi salah sawijine tambahan penampilan.Kanggo gawe untu rapi lan pipi simetris, ana hal-hal kang kudu digatekake. kayata:Ngombe susu sapi 3-8 gelas saben dinene bisa nguatake lan ngapikke untu. Saliyane susu sapi, keju lan yogurt uga bisa ngrawat untu kanggo jangka wektu suwe.Ngunyah permen karet uga bisa kasebut senam wajah kang bisa nggawe rahang luwih ngarakter.Apike ngunyah permen karet sedina kaping telu. Saliyane iku, nglakoni olah raga saben dina iku uga penting, nglakoni olah raga sing entheng, kayata senam (pemanasan nganti pendinginan kurang luwih 10 menit), push-up(5 menit), sit-up (5 menit ).Lan sing paling penting, aja pisan-pisan ngrokok ya. Sehat kuwi gampang kan?
4)    Gancaran EksposisiYaiku karangan isine menehi katrangan salah sijine topik utawa masalah kanggo menehi informasi utawa kabar marang wong kang padha maca. Supaya luwih cetha biasane dikantheni data, grafik, table, diagram, lsp.

Tuladha jinise karangan iki, kayata :
Eksposisi sawijining papan/panggonan

Candi Tinggalan Kerajaan Mataram Budha
Tahun 750 Masehi Wangsa, Syailendra mimpin Mataram. Raja-raja saka wangsa/ dinasti Syailendra sing mimpin kerajaan Mataram yaiku:
a)     Bhanu ( 752 - 775 masehi )
b)     Wisynu ( 775 - 782 masehi )
c)      Indra ( 782 - 812 masehi )
d)     Samaratungga ( 812 - 833 masehi )
e)     Balaputeradewa ( 833 - 856 masehi )
Raja-raja Wangsa Syailendra yaiku meluk agama budha. Supaya muliakke Sang Budha, kabehe ndirikna:
a)     Candi Kalasan ing Yogyakarta
b)     Candi Sewu ing Yogyakarta
c)      Candi Pa won ing Yogyakarta
d)     Candi Mendut ing Muntilan
e)     Candi Borobudur ing Magelang
Candi Mendut yaiku candhi budha sing didirikna karo Raja Indra tahun 824. Sing panggonane sebelah wetan Borobudur ( Magelang ) Jawa Tengah. Ing njero candi Mendut ana telu patung budha yaiku Cakyamurti, Avalokiteswara, lan Maitrya.
Kanthi dasar Prasasti Kalasan tahun 778, dingerteni dene Candi Kalasan didirikna tahun 778 karo Keluarga Syailendra, sing dadi bangunan suci Dewi Tara. Diduga yen Dewi Tara yaiku istri ska budha. Ing njero Candi Kalasan ana arca Dewi Tara sing di gawe perunggu.
Candi Borobudur yaiku peninggalan Kerajaan Mataram Budha sing paling penting. Candi sing didirikna tahun 825 M karo Raja Samaratungga iki salah sijine keajaiban ing dunia.
Relief saka Candi Borobudur nglambangke keuripan manungsa. Sepuluh tingakatan bangunan Borobudur nglambangke keuripan manungsa. Sepuluh tingkatan kasebut dikelompokke dadi telu, yaiku tingkat Kamadhatu, tingkat Rupadhatu, lan tingkat Arupadhatu.
Saka sepuluh tingkatan sing ana ing Borobudur, enem tingkat bentuke persgi, telu tingkat bentuke bundar melingkar, lan siji tingkat paling nduwur bentuke stupa induk. Stupa induk iki dibuka pertama saka tahu 1814 karo Residen Kedu Hartman.
Ing tiap tingkatan Borobudur ana stupa-stupa cilik, kejaba stupa gedhe ( stupa induk ) saka tingkat paling nduwur. Stupa induk iki duwe diameter 9,90 meter lan dhuwure 7 meter. Kabehe, Candi Borobudur duwe sekitar540 arca budha. Nanging, saiki wis ora komplit maneh.
Supaya nglestariake, Candi Borobudur wis dipugar ngasi ping 2 yaiku:
a)     Tahun 1907 – 1911 dipimpin karo Th. Vvan Erup sing bangsane Belanda.
b)   Tahun 1973 – 1983 karo Pemerintahan Indonesia saka bantuan UNESCO

5)    Gancaran (Prosa) Persuasi Yaiku karangan kang nduweni ancas menehi pangaribawa (pengaruh) marang kang padha maca supaya gelem melu marang apa kang dikarepake pengarang. Menawa sing ditawakake barang ya supaya padha tuku. Yen diandharake bab kegiatan ya supaya padha melu ing kegiatan mau

Tuladha jinise karangan iki, kayata :
Iklan barang
Mbutuhake barang elektronik???  Tuku wae nang toko " Dewi Elektronik"
Dewi elektronik sedia :
-         Kulkas
-         Mesin Cuci
-         Setlika
-         TV
-         ISP
-     HP
Ing kene ya bisa ndandakake barang-barang elektronik. Dewi elektronik ana ing Jl. Imam Bondjol no.98 Wonosobo.         
DISKON LHO.......!!!!!!!


b.     Jenis-Jenis Puisi ( geguritan )
1)    Geguritan ( puisi ) Kuna
Geguritan kuna nduweni pathokan/paugeran:
a)    Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat.
b)    Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe
c)    Tibaing swara (guru lagu) kudu runtut
d)    Sangarepe guritan diwiwiti tembung “Sun nggurit”, utawa “Sun Ngegurit”
Jenis-jenis geguritan kuna.
klebu geguritan kuna yaiku:
a)     Mantra.
      Mantra yaiku tembung utawa pamicara
sing ngandung hikmah lan kekuwatan gaib. kekuwatan japa dianggep bisa marekake utawa nekakake celaka. Mantra iku salah siji saka jinis geguritan sing paling tuwa.
Onane Mantra ing masyarakat Melayu nang awale  dudu dadi karya sastra, nanging luwih akehkaitane karo adat pangandel masyarakat sapanggon

b)     Parikan
      Parikan ngrupakne siji geguritan asli lemah Melayu sing wis membudaya lan mengakar saka kauripan masyarakat sabendina. Pembagian parikan manut isine saka parikan anak, wong enom, agama/nasihat, teka-teki lan jenaka.

c)     Karmina (parikan kilat)
Karmina yaiku salah sawijiné karya sastra awujud parikan sing kilat banget. Tegesé, geguritansuwe iki mung kapérang saka siji bait utawa loro baris.

d)     Seloka (parikan berkait)
Seloka yaiku karya sastra sing nduwe bentuk sijining parikan berkait sing ora cukup diungkapkan karo siji bait wae amarga parikan berkait iki arupa gabungan saka pirang-pirang bait.

e)     Gurindam
Gurindam yaiku geguritan sing adegake saben bait 2 baris, sekabehane ngrupakne isi lan nunjukake sebab lan akibat, bersajak a-a-a-a lan isiné nasihat,Gurindam sabenere dudu asale saka negerine dhewe, nanging saka negeri India sing digawa pasukan Tamil sing dhikik tau mampir lan menetap neng salah siji kepulauan neng Nusantara.

f)      Talibun
Talibun ngrupakne geguritan suwe arupa parikan sing nduweni ciri-ciri cacah barisnya luwih saka papat, ning kudu nduweni etungan sing genep. kaya enam baris, delapan baris, lan sateruse. nek cacah barisnya kapérang saka enam baris, mula telu baris kapisan kudu awujud sampiran lan telu baris sakwise arupa isi.
dadi :
Wondene enam baris sajaknya a – b – c – a – b – c. nek awujud saka wolu baris , sajaknya a – b – c – d – a –b – c – d.

g)     Syair
Syair kalebu geguritan suwe sing bentuke luwih bebas tinimbang saka parikan. tembung syair asale saka tembung Arab syuur sing nduwe arti perasaan. Kaya dhene gurindam, syair yaiku salah siji karya sastra sing dudu asale saka lemah nusantara asli. geguritan suwe iki ngrupakne siji karya sastra sing wiwitane digawa saka bangsa Arab menyang Nusantara wektu jaman perkembangan agama Islam.
Syair dianggep wong Melayu dadi buah kesastraan mbah putri moyang lan minangka duweane bangsane dewe. Isi syair sabenere yaiku siji celathon utawa cerito. sarehdene kuwi, berdasarkan isine, syair dibedakna dadi dongeng, syair kiasan/sindiran, syair hikayat, syair kedaden/kadadean, lan syair budi pekerti/agama.

Tuladha geguritan Kuna:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji
2)     Geguritan( puisi ) Anyar
Dene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan:
a)    Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan
b)    Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
c)    Sajak pungkasan mardika/bebas
d)    Isine mentes
e)     Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .

c.      Jenis - Jenis Pewayangan
Jinising wayang inggih menika:
1)    Wayang wong
Yaiku, wayang kang paragane wong, dene critane padha karo wayang purwa.
2)    Wayang beber
Yaiku, wayang ditontonake kanthi migunakake mori sing digambari banjur dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Wayang iki nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning  karo Dewi Sekartaji
3)    Wayang klithik utawa wayang krucil
Wayang iki dianggo ing kraton nyritakake lelakone Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan
4)    Wayang wasana
Wayang sing digawe saka kayu gepeng. Wayang iki nyritakake lakon Damarwulan lan Minak Jingga.
5)    Wayang madya
Wayang sing njupuk lelakone Parikesit tan turunane kajupuk saka crita babad Tanah Jawa.
6)    Wayang gedhog
Wayang sing digawe saka kayu nyritakake lelaone Panji Asmarabangun karo garwane Dewi Sekartaji utawa Candrakirana
7)    Wayang golek utawa Thengul
Wayang kang wujude golekan. Nyritakake lakon Amir Hambyah lan Umarmaya, babone njupuk saka layang Menak
8)    Wayang sadat
Yaiku wayang kang nyritakake lakon agama Islam
9)    Wayang suluh
Wayang anggitane Jawatan Penerangan RI, kanggo menehi sesuluh (penerangan) marang rakyat
10) Wayang potehi
Yaiku wayang kang nyritakake lelakon Cina


3.    Materi Panyinaone ing SD
a.    Prosa
Ing bab prosa (gancaran ) materi  panyinaone biasane para siswa diwenehi tugas gawe cerkak ing bentuk narasi, deskripsi, argumentasi, eksposisi, utawa persuasi.
Tuladha:
Nggambarake sawijining papan/panggonan

PAPAN WISATA PULO BAWEAN

Pulo Bawean minangka salah sijine papan wisata ing kutha Gresik,Jawa Timur. Pulo iki pancen endah lan nyengsemake. Pulo Bawean mapane ana sisih lore kutha Gresik kira-kira adohe 110 km nyabrang segara. Yen arep menyang Pulo Bawean,kudu nganggo sarana numpak kapal tongkang utawa kapal barang sing suwene 8 nganti 10 jam. Saka Gresik menyang Pulo Bawean bisa nganggo Jet Foil lan uga bisa nganggo kapal gedhe sing seminggu mung kaping pindho. Manawa numpak Jet Foil,utawa kapal gedhe wektu kanggo layar saka Gresik tumuju Pulo Bawean mung butuh wektu 2-4 jam.
Bawean nduweni papan wisata kang apik-apik. Pantai Mayangkara ing Desa Kepuh,Banyu Panas Taubat ing Sangkapura,Grojogan Lancar lan Patar Slamet,uga Tlaga utawa Danau Kastoba sing kondhang kaendahan lan pesona alame. Pulo Bawean pancen aset wisata sing kudu di jaga,dikembangake,lan dilestarikake. Mula saka iku,Pemerintah Kabupaten Gresik ngrancang,manawa Pulo Bawean arep didadekake Wisata Bali Loro.

b.      Puisi
Ing bab puisi ( geguritan ) materi panyinaone biasane para siswa diwulangake carane gawe geguritan, pathokan/paugeran e geguritan lan siswa di wenehi tugas gawe geguritan.

Tuladha:
Kangene atiku

Ing wengi iki
Wengi seng kebak lintang
Wengi seng kebak rembulan
Aku tansah kelingan sliramu
Angin kang sumilir
Nambahi rasa kangenku marang sliramu
Saben bengi
Aku tansah mandengi
Mandengi gambar lan photomu
Seng tak simpen ana dompetku
Lintang rembulan
Dadi kancaku saben bengi
Sinar rembulan kang endah
Bisa ngayemke ati
Aku tansah ngenteni
Lan dedongo marang gusti
Supaya sliramu cepet bali
Ngilangi kangen ing ati


c.      Pewayangan
Ing bab pewayangan materi panyinaone biasane para siswa di wulangake jenis-jenise wayang,lakon ing pewayangan contone cerita mahabarata .



4.      Pengembangan Panyinaone  Ing SD
ing metode piwulangan basa jawa utawa mata piwulangan liyane, wes sewajare  guru menehi  materi panyinaon kang jelas lan kepenak.
Supaya siswa bisa ngerti makna saka babakan materi kang guru terangno. Senajan materi kang diwenehi sawijining angel, nanging yen cara sing digunakake dening guru iku sesuai karo siswane. Banjur siswa ugo bakal bisa memahami piwulangan kanti becik. Ing pawulangan supadoso guru ora mung menehi mater iwae.
Nanging sok-sok diselingi karo kegiatan sing bisa nggawe siswa ora tegang nanging seneng nindakake piwulangan basa Jawa. contone, guru menehi tugas nggawe gegeuritan sekarep, nembangna tembang Jawa utawa tembang dolana, utawa dialog karo siswa nggunakake basa Jawa. Kanthi aktivitas iki, siswa bakal gampang ngerti piwulangan kuwilan uga bisa numbuhake kreatifitas.
Materi piwulang basa Jawa bisa diwulangake marang siswa ben gampang menawa model panyinaon sing digawe guru padha karo muridte. Ing njerone model panyinaon basa Jawa liwat pacelaton, geguritan, lan tetembangan ngrupakne salah sijining alternatif ing mulang piwulang basa Jawa, sing utamane nang anak Sekolah Dasar.
Kanthi anane inovasi-inovasi anyar ing jero piwulangan, dikarepna materi-materi sing katur disampek ake bisa tersalurne lan bisa dingerti dening siswa. Kanthi siswa bisa ngerti isi materi kang diwulangake, tegese guru utawa pemulang wis bisa nindakake tugase kanthi becik.
Ing cara utawa model pasinaon ing pawiyatan siswa sekolah kang digunakake, arepa ora monoton. Dadine siswa bakal nyenengilan semangat kanggo sinau basa Jawa. Ing tembung liyane, ing donya pendidikan samesthine guru bisa ngawe inovasi ing piwulangan. Kanthi akehe inovasi-inovasis ing digawe dening para piwulang,mula siswa wis samesthine iso ngerteni piwulangan kanthi apik uga karo kebak semangat ing piwulangan, becik sinau neng sekolah arepa neng omah.

C.   DUDUTAN
            Wujuding kasusastranMiturut wujude kasusastran iku kaperang:
                        Geguritan iku kasusastran kang kalebu basa pinathok Geguritan dhewe sabenere kalebu puisi Jawa gagrak anyar. Saliyane puisi gagrak anyar ana sing arane puisi gagrak lawas. Sing kalebu puisi Jawa gagrak lawas upamane tembang. Sing mbedakake antarane puisi jawa gagrak anyar lan gagrak lawas sejatine anal an orane paugeran-paugeran tertamtu. Tembang macapat upamane, kalebu gagrak lawas amarga isih kaiket anane paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Dene geguritan senajan wujude meh padha lan isih nggunakake paugeran nanging luwih maedika / bebas.
                        Gancaran (prosa) iku klebu kasusastran kang wujude paragraf-paragraf. Kang kalebu gancaran iki upamane: cerkak / cerwil / cerita panglipur wuyung, Novel, Roman.
                        Draamayaiku kasusastran kang wujude pacelathon / dialog. Kang kalebu drama upamane: Kethoprak, ludrug, wayang wong.









KEPUSTAKAAN

Saka Buku :

Rosidi, Ajip. 1968. Ikhtisar Sejarah Sastra Indonesia. Bandung: Putra Bardin

Badudu, J.S. 2009. Sari Kesusastraan Indonesia. Bandung: Pustaka Prima

Yudiono, K.S. 2007. Pengantar Sejarah Sastra Indonesia. Jakarta: PT Grasindo

Siswanto, Wahyudi. 2008. Pengantar Teori Sastra. Jakarta: PT Grasindo.

Agni, Binar. 2010. Sastra Indonesia Lengkap. Jakarta: Hi-Fest Publishing.


Saka Internet :

Yohan 2012 Prosa (versi Elektronik) diunduh pada 12 oktober 2014 dari http://id.shvoong.com/humanities/linguistics/2050683-pengertian-prosa/#ixzz28DvqVn7c

Dimas Erda WM 2012 Geguritan ten Boso Jowo diunduh pada 12 oktober 2014 darihttp://ithinkeducation.blogspot.com/2012/07/geguritan-ten-boso-jowo-puisi-di-dalam.html
Anggraini 2012 geguritan diunduh pada 12 oktober 2014 darihttp://anggraenisme.wordpress.com/2012/12/04/geguritan/
2013 diunduh pada 12 oktober 2014 darihttp://jv.wikipedia.org/wiki/Gancaran
Mbah Brata Edu 2010Kesusastran Jawa diunduh pada 12 oktober 2014 darihttp://mbahbrata-edu.blogspot.com/2010/07/kasusastran-jawa_2208.html


Tidak ada komentar:

Posting Komentar